Selasa, 02 Juni 2015

Masalah Rogo lan Bener

Masalah Rogo lan Bener(Saduran Rekaman Suara Romo Semono, 1972-WEDARAN ROMO SEMONO PITULAS TAHUN MIJIL
Nadyan Rogo, kuwi Rogo Kagem, dadi Rogo kang Pininta lan Piniji,

Mulo sopo boyo kang ngala-ala ya ana akibat kang ora kepenak, mula aja ngala-ala.

Mergo jenengsira ora wenang, aja meneh mung ragane Keng ROMO kang wus labuh labet nylametake jenengsira dikongsi awake dipilara pirang-pirang ewu tahun lawase,   Nadyan karo sapa bae jenengsira ora becik lan ora oleh ngala-ala,   Lha ing kono lungguhing laku loro mau kang dadi siji DALAN LAN TUMINDAK, WADAH LAN ISINE.   Laku kaya mengkono iku abot,   Mulo lakunira mau ya abot,   PUTRO NDEREKAKE ROMO YA ABOT,   Merga apa..? BENER,   Nek Luput iku gampang, gampang banget saben wong bisa, luwih gampang njrumus nyang luput katimbang munggah nyang Bener.   Mula aja wedi kangelan,   Kangelan apa? Niti awakmu dewe, tekun olehmu ngajab marang RASAmu mergo RASA mau kang mimpin,   Mimpin jenengsira temekaning Sedya Sejati, Sedya Sejati Jagad Anyar,   Obah polahing angen-angen, budi pekerti, poncondriyo iku yen jenengsira enut iku sing prayitno ngati-ati,   Mergo Loro, Kang Siji ateges peparinge njero kang asung pituduh marang jenengsira,   Kang Loro iku nggandeng saka njaba.   Yen asung pituduh saka njero tanggapono Obah Polah mau kanti prayitno ngati-ati mergo mungguh iku sarwo kebak sanepo, kebak pasemon, kebak perlambang.   Yen jenengsira durung mangerteni perlambange murih sing prayitno ngati-ati.   ''MULO OJO GUMAMPANG,   DADI PUTRO KUWI ORA GAMPANG.   KOK GAWE GAMPANG KENO,   NING OJO KOK NGGAMPANGAKE.   NGGAWE GAMPANG IKU TEGESE PERCAYA, SELEH MRING NGARSANE KENG ROMO, PERCAYA LAN SELEH MARANG KUNCINE'', iku kok gawe gampang.   Yen NGGAMPANGAKE IKU TEGESE NYEPELEKAKE.   Yen jenengsira nyepelekake...oh NDRAWASI.   Lha kuwi pitutur-pituturku RASAKNO..   ~(Saduran Rekaman Suara Romo Semono, 1972-WEDARAN ROMO SEMONO PITULAS TAHUN MIJIL)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar