Selasa, 02 Juni 2015

Jenengsira iku kudu ngerti

Jenengsira iku kudu ngerti,

wong kuwi kaca benggalamu dewe, Jenengsira mula weruh wewayanganmu dewe, aja kaget merga kuwi gaweanmu dewe, rehning iku gaweanmu dewe, ya kudu kok resiki dewe, kudu kok kumbah dewe, kudu kok anggoni sing bener, kudu kok lebur luputmu dewe, aja nutuh marang liyan, sapa kang nutuh marang liyan iku ora ngakoni darbeke dewe. Setya lan Tememen, Eling den eling.. Yen sira ngluhurake lakune dewe, angluhurake badan pribadi ing kaluhurane PANGERAN iku pasti kagandeng dening PANGERAN~(Saduran Rekaman Suara Romo Semono.1972-WEDARAN ROMO SEMONO PITULAS TAHUN MIJIL)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar