Selasa, 02 Juni 2015

Jagad Lan Urip Dadi Siji.

Jagad Lan Urip Dadi Siji.
WEDARAN ROMO SEMONO PITULAS TAHUN MIJIL
(Saduran Rekaman Suara Romo Semono,1972)

Mulo mangertio to, Kabeh kuwi dasare amung welas asih kelawan tresno.
 Yen Jenengsiro ninggal kuwi wis ateges Jenengsira ninggal ROMO,
Ninggal ROMO nggawe peteng neng awakmu, peteng mau rogo ugo ngalami, banjur Jenengsira tetangisan sambat mring RAMAmu.. ''Genea aku wis manunggal kok jik ngene?''   Lha kuwi Salah mergo Pangolah lan Pangrenggamu ora trep.   Yen kaya ngono aja nyalahake dalan, Margo kuwi, iki wis Bener Benering Bener, Adil Adiling Adil, Ringkes Ringkesing Ringkes.   Yen Jenengsira manggon dawuh kang ringkes kuwi ora perlu ngerti akeh-akeh.   Sakjane mungguh kaya kang takkandakake ''DASARE MUNG LUGU, KAYA LUGUNE WONG MANUNGGAL, WONG MANUNGGAL KAE ORA MBUTUHAKE KAPINTERAN AKEH-AKEH, WATON DUWE KUNCI LANANG WADONE KUMPUL YA BISA METENG SING WADON''.   Lha mengkono iku Jenengsira yen nuhoni dawuhe ROMO iku lugu pasti timbul JABANG BAYI SEJATI..   JABANG BAYI SEJATI IKU MOHO SUCI..   Tak kandani dudu wong, Mergo iku KUNCI mulo kinaran JAGAD ANYAR,   Mulane disebut RATU ADIL, RAT kuwi JAGAD ADIL kuwi URIP, JAGAD LAN URIP DISEBUT DADI SIJI. Tegese JEJER, Awakmu wis dijejerake klawan PANGERAN.   Iku aja lali nadyan ragamu ala-o kaya ngapa nek Jenengsira bisa ngetrepi janji, pasti Jenengsira bisa lungguh ing kaluhurane PANGERAN.   Mergo PANGERAN kang bakal nggendong, kang bakal nyunggi kanthi suka lan seneng merga putra kang wis nduduhake ngerti marang kang nganakake, ngluhurake sumungkem sumiwi nyang kang nganakake, pasti kang nganakake bakal njunjung manungsane ugo kang kaluhurne.   ~(Saduran Rekaman Suara Romo Semono,1972-WEDARAN ROMO SEMONO PITULAS TAHUN MIJIL)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar